Saturday, May 28, 2016

JEMBATAN GANTUNG SINDANG-BANJARAN


‪#‎ILovePurbalingga‬ | Jembatan gantung kuwe ora mung maen nang San Fransisco tok. Aja salah, nang Purbalingga uga ana. Ngandel ora rika? Ngger urung percaya, mageh tek tuduhi.
Jembatan kiye jenenge Jembatan Sindang-Banjaran. Mergane apa dijenengi sindang-banjaran? Mergane dinggo nyambung transportasi desa sindang nang kecamatan mrebet lan desa banjaran kecamatan bojongsari.
Seliyane nggo penghubung rong desa, jembatan sing dawane 700 meter kiye sering dinggo selfie nang bocah nom. Maklum bae siki jamane padha narsis. Fota-foto dewek. Ana juga sing pada foto prewed utawa foto sedurunge nikahan.
Jembatan sindang kiye direnovasi tahun 2015 kepengker sing ngentekna duit milyaran. Muga-muga bae awet ya sedulur.
Dibangun nang nduwure Kali Klawing. Kali sing pok-pokane nang kali serayu. Sing nggawa manfaat kanggo masyarakat Purbalingga lan sekitare.
Rika esih penasaran nang ndi nggone jembatan sindang banjaran? Aja khawatir kakang mbekayu, kiye tek nei ngerti.
Hasile mlaku-mlaku karo mbah gugel, jarake sekang alun-alun Purbalingga mung 8.7 kilometer. Ora adoh mbok? Pancen koh!
Rika bisa nganggo petunjuke gugel map sing tek lampirna. Utawa ra sah nganggo ya ra papa. Gampang ikih.
Kiye petunjuk peta gugel: https://goo.gl/maps/AXgZJEmWyq52
.
Pokoke angger rika wis butul prapatan pasar bojongsari, belok kanan bae meng arah desa patemon. Bar kuwe gari lurus ngetutna dalan aspal.
Angger ketemu TPA (Tempat Pembuangan Sampah Akhir) Bojongsari, dijamin rika urung butul. Esih lurus maning ya kang, nganti pertelon, aja belok nengen, tapi belok ngiwe getutna dalan sing urung diaspal. Sekitar sekilometer sekang kono, rika wis tekan sing dituju.
Mayuh padha diparani meng nganah. Maen tulih. Maen maning ngger rika padha ngepit. Hawane seger. Lingkungan sekitare ya asri. Cocok banget nggo ngisi wektu liburan karo keluarga. Awake sehat, pikirane padhang. Cara basane bocah sekolah, men sana in corporisano. Kaya kuwe mbok kang? 😃
Klilaaan...
12 Mei 2016

No comments:

Post a Comment