Saturday, May 28, 2016

PASAR BADHOG PANGGONANE JAJAN LAN JANGANAN

‪#‎ILovePurbalingga‬ | Sing jenenge wong, ben ndinane ana bae kepenginan tuku jajan. Angger rika pada nang Purbalingga, ana panggonan jajan sing kawentar. Bukake uput-uput.
Pasar Badhog jenenge. Siki wis dipasange tugu selamat datang nang dalan mlebune, persis sebelahe kodim. Tugune dijenengi Bancar Badhog Center (BBC).
Sekang tugu kuwe ora adoh. Paling mung 500 meter wis butul. Kiwe tengen gili dinggo parkir motor. Bakul daging ayam seger ana. Bakul jamu ana. Bakul batagor, sate ayam, iwak goreng, ayam goreng, cenil, lupis, lan uakeh liyane. Gari milih. Regane uga cocok karo kantong.
Sing rep njangan, aneka macem sayuran ana. Godong mbudin, kangkung, welok, lombok, brambang, komplit pokoke.
Iwak kolam ana, iwak laut juga disediani.
Gari dianani bae duite, apa sing dikarepna ana nang pasar badhog.
Klilaan....

No comments:

Post a Comment