Saturday, May 28, 2016

PRAWAN PABRIK

‪#‎IlovePurbalingga‬ | Rika pada esih kelingan ora karo lagune Kang Dedi Pitak sing judule Prawan Pabrik? Lagu kiye sempat kawentar tahun 2008 an. Lagu kiye nyritakna perjuangane gadis-gadis Purbalingga sing pada ngode dadi karyawan pabrik rambut.
Nganti tekan sekiye, pabrik rambut nang Purbalingga esih akeh. Malah ngger dibandingna 8 tahun sedurunge, siki tambah akeh.
Pabrik rambut kaya wis dadi sawahe wong Bralink. Malahan kaya kewalik, sing wadon ngode, sing lanange pada momong bocah nang ngumah. Ya ora kabeh si, tapi kayane akeh sing kaya kuwe.
Ya wis dadi jamane ndean. Rep kepriwe maning, daripada ngode adoh-adoh nang Jakarta ya mending ngode nang nggone dewek. Seadoh-adohe Purbalingga li ora ana apa-apane dibanding lunga ngode nang ibukota.
Setitik akeh, pabrik rambut uga wis ngawehi tambahan pendapatan daerah. Milyaran investasi dalam lan luar negeri mlebu kota perwira. Pabrik-pabrik sing ngadeg nang Purbalingga: Royal Korindah, SunChang, Indokores, Sofyan, lan liya-liyane. Anu akeh banget koh.
Saking akehe pabrik rambut nang Purbalingga, aben isuk jam nem nganti jam setengah woluan...gili kayong sing kebek motor. Ramene ora patut. Ngang ngeng ora mandeg-mandeg. Nganti arep ngeculna bocah sekolah numpak pit ben madan was-was.
Semene bae sedulur. Muga-muga pada ayem tentrem urip nang Kota Perwira.
Wassalam,
13 Mei 2016

No comments:

Post a Comment