Saturday, May 28, 2016

WISATA BANYU SING SEGER, OWABONG PURBALINGGA!


‪#‎ILovePurbalingga‬ | Jeneng Purbalingga cok kliru karo PROBOLINGGO. Maklum mirip jenenge. Tapi jane ya beda banget. Sing siji akhirane A, sijine akhirane O. Tur maning ya PURBA karo PROBO. Wis jelas beda!
Nah, ngomong-ngomong soal Purbalingga, nang wilayah kiye akeh panggonan sing cocok nggo ngedemna pikir utawa panggonan wisata. Utamane wisata alam.

Owabong nomor sijine. Nang kene, awak dewek bisa dolanan banyu semareme. Rega tikete ya murah dibandingna karo tiket plesiran banyu nang kota liyane.
Owabong kuwe jane singkatan sekang Obyek Wisata Bojongsari. Pas banget karo nggone ya kuwe Desa Bojongsari. Awal mulane Owabong dinggo kolam renang. Mergane nang kono ana tuk (sumber banyu).
Nah, rikala kepemimpinan Bupati Triyono Budi Sasongko, kolam renang bojong sari sing ambane paling 1 heaktar-an, direnovasi gede-gedean dadi Owabong sing ambane nganti patang hektar lewih.
Nang owabong macem-macem wahanane. Ana kolam renang ukuran internasional, ana pantai bebas tsunami, ana kolam banyu anget sing akeh iwake (terapi iwak sing gelem nglitiki sikil...hehehe).
Nang owabong juga ana montor mabur sing jlegudhag nang tengah-tengahe obyek wisata. Lumayan kena nggo ngenalna karo generasi muda sing rung nduwe kesempatan numpak pesawat. Paling ora wis teyeng foto nang ngarep pesawat mandheg. Sapa ngerti ngemben nek wis gedhe teyeng numpak montor mabur temenanan.
Sing paling gres (anyar), ana jenenge Ombak sagara,. Nyong dewek rung tau ngrasakna. Winginane pas meng nganah wis sore. Ya kurang lewihe wahana sing digawe mirip kaya ombak nang segara.
Rega tikete pira si? regane ya sangat-sangat terjangkau. Ngger nang Jogba Bay kudu ngrogog kantong nganti sangangpuluh ewu, nang owabong paling selawe nganti telungpuluh ewu tok. Murah mbok? Ngger ora ngandel, ya nganah diparani dewek meng owabong, dijamin banyune seger mergane banyu alami. Ora kaya wisata banyu liyane sing biasane nganggo banyu campur kaporit.
Semene dimin sedulur, moga bisa nyambung maning lain wektu.
11 Mei 2016 jam 10 isuk.
*** Fotone sing nang ngisor kiye jenenge OMBAK SAGARA - OWABONG. Fotone dijukut sekang owabong.co.id (monggo ditiliki website owabong nggo nggolet info lewih lengkap yaa....)

No comments:

Post a Comment