Saturday, May 28, 2016

MUSEUM JENDRAL SOEDIRMAN NANG PURBALINGGA

#‎ILovePurbalingga‬ | Umah kiye wis tuwa. Umah model joglo. Esih diopeni maen tekan siki. Umah sing dadi seksi lahire Panglima Besar Jendral Soedirman.
Umah rama biyunge Jendral Soedirman kiye wis diubah dadi Museum utawa Monumen, ben kena nggo pengeling-eling bocah nom. Ben ora pada klalen karo sejarahe Purbalingga.
Museum Jendral Soedirman Purbalingg0a diadegna tanggal 6 Februari 1976. Wektu kuwe jaman dipimpin Pak Bupati Goentoer Darjono, sing jenenge siki digawe jeneng Stadion Utama Purbalingga.
Nang museum kiye, esih kesimpen rapi barang-barang sing dadi seksi jamane Soedirman cilik. Kamar sing nyekseni lahire pahlawan besar Nusantara. Ayunan rotan sing dinggo Pak Dirman uga esih ana. Lan barang-barang liyane.
Angger rika kepengin mengeneh, gampang goletane. Sekang Alun-alun Purbalingga jarake sekitar 37 Kilometer lewat jalur Kalikajar.
Mangga ditonton sedela video liputan sekang AntaraNews TV sing ngliput wulan Agustus 2015 wingi.
Nang sangkan paran, 17 Mei 2016
Kyeh videone sedulur...

No comments:

Post a Comment